Minggu, Oktober 07, 2012

Dongo Upocoro Tanggap Warso Kitho Ngayogyokarto kaping 256

DONGO UPOCORO

TANGGAP WARSO ADEGING KITHO NGAYOGYOKARTO INGKANG KAPING 256

SMA NEGERI 6 NGAYOGYOKARTO

8 OKTOBER 2012

Foto0376

Alhamdulillahirrobbil`alamin

            Duh Gusti Allah SWT Ingkang Moho welas lan moho asih, mugi paduko limpahaken shalawat dumatheng Khotamul anbiyai wal mursalin . Mugi kanthi barokah shalawat meniko panjenengan paring kamardikan dumatheng kito sedhoyo saking bebendhu ndunyo kelawan akhirat. Duh Gusti ingkang welas lan asih mugi paduko tetepaken wonten manah lan jiwo kito kanthi tetep iman lan taqwa manembah dumatheng paduko ingkang tansah gesang lan moho kuwaos.

            Duh Gusti Allah SWT ingkang moho mirah lan welas asih, sedhoyo wargo brayat ageng SMA Negeri 6 Ngayogyokarto nyuwun dumatheng paduko pitudhuh ingkang leres , inggih pituduh supados kito sedoyo sageto istiqomah wonten margi ketakwaan dumatheng paduko. Amargi hanamung paduko ingkang kagungan sedoyo kamulyaning jagad, ugi ingkang akaryo lan mranoto jagad, pramilo kito nyuwun welasan dalem paduko peparing dumateng sedoyo keluargo ageng SMAN 6 Ngayogyokarto,  kasarasan jiwo lan rogo sahinggo wonten ing wekdal enjing puniko saged ngawontenaken upocoro tanggap warso adeging kitho ngayogyokarto  ingkang kaping         ( 256 ) kalih atus seket enem.

            Duh Gusti Allah SWT ingkang tansah kawulo pundhi pundhi lan bekteni, sedoyo puji lan syukur tansah kunjuk dumatheng paduko mugi sih wilasaning dalem paduko lumeber dumatheng sedoyo wargo SMAN 6 Ngayogyokarto khususipun, lan ugi dumatheng sedoyo wargo kitho Ngayogyokarto umumipun lan  sumrambahipun dumatheng poro wargo soho pemimpin wonten ing tatanan kitho Ngayogyokarto.

            Duh Gusti Allah SWT ingkang kebak welas asih, mugi paduko  dadosaken brayat ageng SMAN 6 Ngayogyokarto  tansah pinaringan pituduh kalawan kekiatan,  sahinggo saged sesarengan damel grengseng lan sae kangge kemajenganipun pasinaon, sahinggo saged ngurakapi tumrapre bongso lan negari Indonesia, ndadosaken poro siswo pikantuk  kesaenan lan pinunjul sae laladan propinsi, nasional, menopo dene internasional.

            Ya Allah ya Robi Gusti Ingkang tansah suko peparing pangapunten, kito sedoyo nyuwun dumatheng paduko mugi tansah paring pangapunten dumatheng poro pemimpin bongso lan nagari,  dumateng poro pepunden, dumatheng bopo guru kaliyan ibu guru, dumateng tiyang asepuh kawulo, mugi kepareng dalem kalebetno wonten papan ingkang mulyo lan dipun apunten sedoyo kalepatanipun ugi dipun wales ingkang sak murwat sedoyo amal kesaenannipun.

            Duh Gusti Allah SWT ingkang moho suci, kanthi mengeti tanggap warso adeging kitho ngayogyokarto, mugi paduko tansah  peparing  yuswo ingkang kathah lan barokah dumatheng kito sedoyo , ugi  dadosaken sae sedhoyo amalan kito, ugi paduko jembaraken rejeki ingkah katah lan barokah supados manfaat kangge kemajenganing leladan pasinaon sae puniko kangge bopo guru ugi poro siswo sahinggo saged mujudaken papan pasinaon ingkang unggul wonten ing tlatah ngayogyokarto menopo dene nuswantoro.

            Duh Gusti ingkang murbeng dumadi, mugi paduko ijabahi sedhoyo hajat kito , paduko suceni manah kito saking sedhoyo solah bowo ingkan mboten sae, lan paduko nglebetaken dumateng kito tiyang tiyang ikang pikatuk pituduh ingkang leres, ugi amal ingkang dipun tampi lan pungkasane dadosaken khusnul amal lan khusnul khotimah.

Rabbana aatina fidDunya hasanah wafil aakhirati hasanah waqinaa `adzaa bannar

Subhaana rabbika rabbil `izzati `amma yashifuun, wasalamun `alal mursaliina wal hamdulillahi rabbil `aalamiin.

 

( Drs.Akhmad Fatoni, MSI)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Silahkan beri komentar/Remidi anda :